Kamis, 26 Februari 2015

Buah Ajaib, Buah Surga

Buah - buahan Suarga wonten ing Donya
(miturut Islam)

Buah – buahan klebu dhaharan 4 sehat 5 sampurna, buah – buahan uga duweni kathah khasiat, antarane saged nyegah dan ngobati penyakit degeneratif, kayata diabetes, penyakit jantung koroner, tekanan darah tinggi, stroke, kanker, lan penyakit sendi, buah – buahan uga saged kagem anti peradangan lan antibakteri. Antarane jenis buah – buahan kang sampun di ciptakake Allah SWT, wonten buah – buahan kang paling sae kang katulis wonten ing Al-Qur’an bilih buah – buah menika wonten ana ing suarga. Buah – buahan menika yaiku :
1.      Gedhang
Buah gedhang sampun katulis wonten ing Al-Qur’an QS.Al-Waqi’ah (56) : 28-33. Gedhang saged di dhahar langsung utawa diolah rumiyin, mbonten mung buahipun, nanging kembange uga bisa di dhahar, biasane godhonge uga kanggo mbungkus panganan tradisional. Gedhang sae kanggo nyegah kanker, nyegah peradangan, lan ngatur nafsu makan lan pola turu. Kagem Ibu kang lagi mbobot, gedhang bisa nyegah supaya janin ora cacat.
2.      Zaitun
Zaitun wonten ing Al-Qur’an QS.An-Nahl (16) : 11, wonten ing ayat menika wonten keterangan bilih zaitun klebu salah sijining buah – buahan kang nunjukake Agunging Allah SWT. Dibanding buahipun, minyak zaitun luwih dimanfaatke. Minyak zaitun duweni khasiat kanggo nyegah diabetes, penyakit jantung, uga bisa kanggo ngaluske kulit.

3.      Anggur
Buah Anggur katulis ing Al-Qur’an QS.Al-Mu’minun (23) : 19 lan QS.Al-An’am (6) : 90. Anggur gadhah antioksidan inggil saking senyawa fenol kang saged nyegah sel kanker lan ningkataken kerja sel pembuluh darah kanggo nglancaraken aliran darah, mula saged njaga kesehatan jantung lan pembuluh darah.

4.      Tin
Buah Tin dereng kondhang wonten masyarakat. Nanging, Allah sampun nulis buah Tin wonten Al-Qur’an QS.At-Tin (95) : 1. Buah Tin menika rasanipun legi lan mboten kecut, gadhah khasiat kanggo ngobati watuk kronis, nglancaraken pipis, lan nangkal racun. Buah Tin uga saged kanggo radang tenggorokan, gerah dhadha lan gangguan paru – paru. Buah Tin ngandung omega 3 lan omega 6 kanggo nyegah hipertensi lan serangan jantung koroner.

5.      Delima
QS. Ar-Rahman (55) : 66-69, sampun cetha katulis wonten ayat menika bilih Allah bakal maringi nikmat wonten ing suarga, salah sijine inggih menika buah delima. Delima asli saking wilayah Timur Tengah. Buah menika kathah vitamin C, kalori lan dadi sumber sodium, riboflavin, lan kalsium paling sae. Buah warna abang cilik cilik menika uga ngandung antioksidan 3 luwih akeh tinimbang teh ijo. Delima bisa kanggo ngobati diare, gangguan gusi, lan nyageh perkembangan radilak bebas ing awak.

6.      Kurma
Ingkang pungkasan inggih menika Kurma. Sampun kathah ayat Al-Qur’an kang nyebataken buah Kurma, salah sijine ing QS.Ar-Ra’d (13) : 4 kang isinipun bilih salah sijining kebesara Allah inggih menika Allah maringi kaluwihan dumateng rasanipun buah kurma. Kurma uga sanget kaanjuraken kagem Ibu kang nembe mbobot amarga ing buah kurma wonten fruktosa lan glukosa kang gadhah kalori kang inggil, nanging gampang dicerna. Kurma uga gadhah khasiat kanggo nyegah stroke, ngatur denyut jantung, lan ngatur tekanan darah.

Menika buah - buahan kang sampun katulis wonten ing Al-Qur’an dados buah – buahan kang wonten ing suarga. Buah buahan menika uga duweni khasiat lan manfaat kang kathah sanget kagem ngobati penyakit utawa njaga kesehatan. Mula kuwi, mangga kita kathah ngonsumsi buah – buahan menika kayata saampun katulis wonten ing Al-Qur’an.

2 komentar:

  1. Kunjungan Shubuh, weh nambah ilmu iki di tunggu kunbalnya di munadishare.blogspot.com

    BalasHapus