Buah
- buahan Suarga wonten ing Donya
(miturut
Islam)
Buah
– buahan klebu dhaharan 4 sehat 5 sampurna, buah – buahan uga duweni kathah
khasiat, antarane saged nyegah dan ngobati penyakit degeneratif, kayata
diabetes, penyakit jantung koroner, tekanan darah tinggi, stroke, kanker, lan
penyakit sendi, buah – buahan uga saged kagem anti peradangan lan antibakteri. Antarane
jenis buah – buahan kang sampun di ciptakake Allah SWT, wonten buah – buahan
kang paling sae kang katulis wonten ing Al-Qur’an bilih buah – buah menika
wonten ana ing suarga. Buah – buahan menika yaiku :
1.
Gedhang
Buah gedhang sampun
katulis wonten ing Al-Qur’an QS.Al-Waqi’ah (56) : 28-33. Gedhang saged di
dhahar langsung utawa diolah rumiyin, mbonten mung buahipun, nanging kembange
uga bisa di dhahar, biasane godhonge uga kanggo mbungkus panganan tradisional.
Gedhang sae kanggo nyegah kanker, nyegah peradangan, lan ngatur nafsu makan lan
pola turu. Kagem Ibu kang lagi mbobot, gedhang bisa nyegah supaya janin ora
cacat.
2.
Zaitun
Zaitun wonten ing
Al-Qur’an QS.An-Nahl (16) : 11, wonten ing ayat menika wonten keterangan bilih
zaitun klebu salah sijining buah – buahan kang nunjukake Agunging Allah SWT.
Dibanding buahipun, minyak zaitun luwih dimanfaatke. Minyak zaitun duweni
khasiat kanggo nyegah diabetes, penyakit jantung, uga bisa kanggo ngaluske
kulit.
3.
Anggur
Buah Anggur katulis ing
Al-Qur’an QS.Al-Mu’minun (23) : 19 lan QS.Al-An’am (6) : 90. Anggur gadhah
antioksidan inggil saking senyawa fenol kang saged nyegah sel kanker lan
ningkataken kerja sel pembuluh darah kanggo nglancaraken aliran darah, mula
saged njaga kesehatan jantung lan pembuluh darah.
4.
Tin
Buah Tin dereng
kondhang wonten masyarakat. Nanging, Allah sampun nulis buah Tin wonten
Al-Qur’an QS.At-Tin (95) : 1. Buah Tin menika rasanipun legi lan mboten kecut,
gadhah khasiat kanggo ngobati watuk kronis, nglancaraken pipis, lan nangkal
racun. Buah Tin uga saged kanggo radang tenggorokan, gerah dhadha lan gangguan
paru – paru. Buah Tin ngandung omega 3 lan omega 6 kanggo nyegah hipertensi lan
serangan jantung koroner.
5. Delima
QS.
Ar-Rahman (55) : 66-69, sampun cetha katulis wonten ayat menika bilih Allah
bakal maringi nikmat wonten ing suarga, salah sijine inggih menika buah delima.
Delima asli saking wilayah Timur Tengah. Buah menika kathah vitamin C, kalori
lan dadi sumber sodium, riboflavin, lan kalsium paling sae. Buah warna abang
cilik cilik menika uga ngandung antioksidan 3 luwih akeh tinimbang teh ijo.
Delima bisa kanggo ngobati diare, gangguan gusi, lan nyageh perkembangan
radilak bebas ing awak.
6. Kurma
Ingkang
pungkasan inggih menika Kurma. Sampun kathah ayat Al-Qur’an kang nyebataken
buah Kurma, salah sijine ing QS.Ar-Ra’d (13) : 4 kang isinipun bilih salah
sijining kebesara Allah inggih menika Allah maringi kaluwihan dumateng
rasanipun buah kurma. Kurma uga sanget kaanjuraken kagem Ibu kang nembe mbobot
amarga ing buah kurma wonten fruktosa lan glukosa kang gadhah kalori kang inggil,
nanging gampang dicerna. Kurma uga gadhah khasiat kanggo nyegah stroke, ngatur
denyut jantung, lan ngatur tekanan darah.
Menika
buah - buahan kang sampun katulis wonten ing Al-Qur’an dados buah – buahan kang
wonten ing suarga. Buah buahan menika uga duweni khasiat lan manfaat kang
kathah sanget kagem ngobati penyakit utawa njaga kesehatan. Mula kuwi, mangga
kita kathah ngonsumsi buah – buahan menika kayata saampun katulis wonten ing
Al-Qur’an.





Kunjungan Shubuh, weh nambah ilmu iki di tunggu kunbalnya di munadishare.blogspot.com
BalasHapusmasyaAlloh :)
BalasHapus